Menyang kontèn

Gong ageng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gong Ageng lan Gong Suwukan - saka Commons

Gong ageng iku salah siji perangkat gamelan Jawa kang ditabuh lan kang gedhé dhéwé ukurane, diametere antara 80 nganti 100 cm utawa sakiwa-tengené 24 inci. Gong ageng uga gong suwuk iku racaké diso'ake/digantung ing pérangan mburi.

Wujud gong ageng padha karo gong racaké yaiku bunder. Sing béda ukuran gong ageng iki gedhé dhéwé, lumahé rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah. Ing gambar, gong ageng iku kang warnané radha ireng.

Gong ageng iki nduwé nada paling cendhèk katandhing swara piranti gamelan liyané uga kang paling jarang ditabuh ning kang paling wigati.

Gong ageng ditabuh kanggo tandha akir babagan musik kang umum diarani gongan.