Menyang kontèn

Wayang kulit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pagelaran wayang kulit dimainaké dhalang kondhang ing Indonésia, Ki Manteb Sudharsono. Lakoné Gathotkaca Winisuda.

Wayang Kulit iku pagelaran wayang ingkang mbabaraké lakon mahabharata utawa ramayana kang wayangé digawé saka kulit. Jinising wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawé saka kulit kang ditatah lan diéntha kaya déné manungsa. Lumrahé wayang kulit nglakonaké lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Carita Menak lan Babad Tanah Jawa, carita agama (Kristen, Buda), perjuwangan, lan manéka warna carita liyané.

Wayang kulit dilakokaké ing layar putih kang sinebut kelir. Déné wayang-wayang iku ditancepaké ing debog ana ing sisih tengen lan kiwané dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan carita dongéng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonésia njaga (preserve) warisan iku.[1]

Panyebaran

[besut | besut sumber]

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga pérangan liya ing Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi déning wong Jawa Tengah lan sapérangan Jawa Wétan. Ing antarané panggonan siji lan liyané duwé gagrag dhéwé-dhéwé, kang gedhé dhéwé ya iku Gagrag Ngayogyakarta lan Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahé dhéwé.

Ing jaman saiki, pagelaran wayang olèh owah-owahan. Campursari lan dhagelan lumebu ing antarané pagelaran mau. Amarga wayang uga wis lumebu dadi acara télévisi, suwéné pagelaran kang asliné sewengi bisa dikurangi dadi sawatara jam waé.

Wayang kulit uga asring sinebut wayang purwa. Sumber caritané ya iku saka kitab Mahabharata lan Ramayana kang ditulis déning Mpu Sedah, Mpu Panuluh, lan Mpu Kanwa.

Panggawéné wayang

[besut | besut sumber]

Wayang kulit lumrahé digawé saka bahan kulit kebo kang wis diprosès dadi kulit lembaran, saben siji paraga wayang mbutuhaké watara ukuran 50 x 30 cm kulit lembaran kang banjur ditatah nganggo piranti wujud wesi lancip. Wesi waja iki digawé luqih dhisik kanthi manéka wangun lan ukuran, ana kang lancip, pipih, cilik, gedhé lan wangunliyané kang duwé fungsi béda-béda.

Wosé piranti mau kanggo gawé manéka bolongan ukiran ana ing lembaran wayang. Sabanjuré dipasang pérangan awak liyané ya iku tangan. Tangan wayang dumadi saka rong pérangan ya iku lengen dhuwur lan ngisor, saéngga tangan bisa diobahaké niru obahing tangan manungsa. Gagang wayang digawé saka bahan sungu kebo utawa sapi. Tangan wayang uga diwènèhi gagang supaya dhalang bisa ngobahaké tangan wayang mau.

Karakteristik paraga wayang[2]

[besut | besut sumber]

Wangun irung:

[besut | besut sumber]
  • Irung Walimiring: Katon kaya piso blathi cilik, kanggo nuduhaké alusing watak lan kabangsawanan, tuladha: Arjuna, Samba, Kresna.
  • Irung Pelokan: Kaya wangun saparo who pelem, nuduhaké pepadhan karo watak raseksa kasar lan kuwat. Tuladha: Buta Rotor, Bragolba, lan paraga buta liyané.
  • Irung Pagotan: kanthi cangkem gusèn, nuduhaké watak galak lan kejem. Tuladha: Radèn Indrajit, Radèn Kangsa.
  • Irung Bentulan: Nuduhaké keprajuritan. Tuladha: Gatotkaca, Gandamana, Bratasena.
  • Irung Bruton: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Bagong.
  • Irung Sumpel: Nuduhaké sipat lucu, tuladha:Semar lan Limbuk.
  • Irung Térong: Nuduhaké sipat bisa narik kawigatèn, kaya pelawak. Tuladha: Garèng.
  • Irung Cempaluk: Nuduhaké sipat konyol kaya badhut. Tuladha:Pétruk.
  • Irung Pèsèkan: Nuduhaké lucu. Tuladha: Togog, Mbilung, Wanara.

Lambé lan garis cangkem

[besut | besut sumber]
  • Cangkem Domis: Wangun cangkem satriya, nuduhaké kaélokan lan watak sènsitif
  • Cangkem Gusèn: Nggambaraké watak sok sarwa weruh, tanggung. Conto:Patih Sengkuni lan Kartamarma
  • Cangem Ngablak: Kabuka lan katon gusiné. Nggambaraké watak raseksa. Conto: Boma, Durmagati

Tlapukan

[besut | besut sumber]
  • Mata Gabahan: Awangun wulir beras. Matané para ksatriya.
  • Mata Kedhelèn: Awangun wiji kacang, mata tokoh kaya Baladéwa, Setyaki.
  • Mata kedhondhongan: Awangun wiji kedhondhong, mata Patih Sengkuni lan Kartamarma.
  • Mata Pelengan: Nggambaraké karakter kejem, Indrajid lan Kangsa.
  • Mata Penanggal 1: Awangun wulan tanggal sapisan, nggambaraké watak kang ora bisa dipercaya. Tuladha: Cakil lan Pendhita Durna.
  • Mata Kolikan: Nggambaraké watak lucu kaya Semar.
  • Mata Plolo: Nggambaraké watak bodho lan gampang dibodhoni. Tuladha: Bagong lan Togog.

Uba Rampé pakeliran

[besut | besut sumber]

Pakeliran utawa pagelaran wayang kulit merlokaké piranti ya iku antarané:

Cempala : thuthukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.
Kelir : layar putih kang dibèbèr kanggo mainaké wayang.
Bléncong : Senthir kanggo gawé wewayangan, ing jaman saiki ana kalané senthir disulih nganggo petromax utawa lampu listrik.
Kepyak : digawé saka kuningan kanggo iringané dhalang.
Kothak : wadhah wayang lan kanggo dithuthuk Cempala
Gedebog/debog : kanggo tancepan wayang.
Gamelan : kanggo ngiringi pagelaran.

Simpingan

[besut | besut sumber]

Akehe wayang ing kothak ora padha ing antarané dhalang siji lan liyané. Ana kang kurang saka 180, ana uga kang nganti 400 wayang. Wayang mau ana kang ditata ing pakeliran sisih tengen lan kiwa, ana uga kang ing njero kothak.

Simpingan Kiwa

[besut | besut sumber]

Ing antarané kang ditata ana ing sisih kiwa ya iku:

Simpingan Tengen

[besut | besut sumber]

Kang ditata ing sisih tengen diwiwiti saka wayang Brahala/Déwa Amral/Déwa Mambang dipungkasi nganggo wayang bayen.

Wayang Dhudahan

[besut | besut sumber]

Wayang dhudahan ya iku wayang kang ora mèlu disimping nanging mung disimpen ana sajeroning kothak. Biasane wayang dhudahan iku kalebu wayang kang kerap dilakokake déning Ki Dhalang. Contone wayang dhudahan:

1. Dhudahan Kurawa

2. Dhudahan Pandhita lan Déwa

3.Dhudahan Raseksa (buta) Prepat

4. Dhudahan Panakawan

5. Dhudahan Keparak

6. Dhudahan Prajurit

  • Patih Udawa
  • Druwajaya
  • Pragota
  • Prabawa
  • Patih Tuhayata
  • Patih Saragupita
  • Patih Adimanggala
  • Patih Sabrangan
  • Ampyak/Prampogan
  • Wisata lan Wilmuka
  • Demang Sarapadha/Cekruktuna
  • Wadyabala Buta Pringgodani (Kalabendana, lsp)
  • Wadyabala Buta Ngalengka (Anggisrana,Yuyu Rumpung, Wil Kathaksini lsp)
  • Wadyabala Buta Kajiman/Bajulbarat
  • Wayang Setanan
  • Prajurit Kethek Tambak

7. Dhudahan Wanara

  • Anila
  • Anggada
  • Jembawan
  • Trigangga/Triyangga
  • Kapi Anggeni
  • Kapi Indrajanu
  • Kapi Suwida
  • Kapi Pramujabahu
  • Kapi Kingkin
  • Kapi Warjita/Cacingkanil
  • Kapi Janulen
  • Kapi Menda
  • Kapi Cucak Rawun
  • Kapi Saraba

8. Dhudahan Sato Kéwan

  • Gajah(Liman/Dwipangga/Diradha/Matengga.)
  • Banteng (Andhaka)
  • Macam (Simo/Sardhula)
  • Ula (Sarpa/Taksaka)
  • Celeng (wraha)
  • Garudha
  • Kidhang
  • Landhak
  • Jaran (Kudha)

9. Dhudahan Pusaka

  • Kreta Kencana
  • Maneka warna gegaman (Gadha, keris, jemparing, lsp)

Para Dhalang

[besut | besut sumber]

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  • Brandon, James (1970) On Thrones of Gold-Three Javanese Shadow Plays. Harvard University Press
  • Clara van Groenendael, Victoria (1985) The Dalang Behind the Wayang. Dordrecht, Foris
  • Keeler, Ward (1987) Javanese Shadow Plays, Javanese Selves. Princeton University Press
  • Keeler, Ward (1992) Javanese Shadow Puppets. OUP
  • Long, Roger (1982) Javanese shadow theatre: Movement and characterization in Ngayogyakarta wayang kulit. Umi Research Press
  • Mellema, R.L. (1988) Wayang Puppets: Carving, Colouring, Symbolism. Amsterdam, Royal Tropical Institute, Bulletin 315.
  • Mudjanattistomo (1976) Pedhalangan Ngayogyakarta. Yogyakarta (basa Jawa)
  • Soedarsono (1984) Wayang Wong. Yogyakarta, Gadjah Mada University Press

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wiratha | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa